khutbah jumat bahasa jawa amalan sepadan pahala ibadah haji dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan Sepadan Pahala Ibadah Haji

Terakhir diperbarui pada · 2,214 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Amalan Sepadan Pahala Ibadah Haji

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sami tansah ningkataken saha nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh makempal wonten ing baitullah siang punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mangga sareng-sareng ningkataken takwa, ajrih dhumateng ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sedaya printah-printahipun saha nebihi sadaya awisan-awisanipin. Supados kita sedaya manggehaken kawilujengan saha kebahagiaan wonten ing dunya ngantos akhiratipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sak menika kita sami sampun mlebet wulan-wulan haji, tentunipun perkawis menika ngemotaken kulo panjenengan kaliyan setunggal hadits Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam saking Sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,

أنَّ رَسولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عليه وسلَّمَ سُئِلَ: أيُّ العَمَلِ أَفْضَلُ؟ فَقَالَ: إِيمَانٌ بِاللَّهِ ورَسُولِهِ. قِيْلَ: ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ: الجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ قِيلَ: ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ: حَجٌّ مَبْرُوْرٌ

Saktemene Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nate ditangleti: Punapa amal kang utama duh Rasulullah? piyambakipun dawuh: Iman marang Allah dan Rasule. Banjur ditangleti maleh: Saklajeng menapa Rasulullah? piyambakipun dawuh: Jihad fi sabilillah. Banjur ditangleti maleh: Saklajeng menapa Rasulullah? piyambakipun dawuh: haji mabrur.”(HR. Al-Bukhari No. 26)

Wonten ing pangandikanipun sanes dipun dawuhaken,

وَالْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إلَّا الْجَنَّةُ

Haji kang mabrur ora diwenehi ganjaran kejawa Jannah.”(HR. Al-Bukhari No. 1773)

Haji kang mabrur menika menawi netepi sekawan unsuripun:

Setunggal, Ditindakke kanthi ikhlas kerana Allah Ta’ala mawon

Kalih, Cocok kaliyan sunnah Rasulullah

Tiga, Ngagem bandha kang Halal

Sekawan, Tebih saking tumindak maksiat

Temen bejo lan bungah sanget kanggone tiyang kang dipun paring kesempatan nindakaken ibadah haji jalaran pikantuk ganjaran engkang ageng.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Ibadah haji menika pancen hanggadhahi pahala kang ageng sanget, lan mboten bakal kagayuh menawi tiyang mboten nglampahi perjuangan luar biasa. Menikalah kang adamel mboten kathah tiyang ingkang mampu nglaksanakaken kewajiban menika.

Ananging Allah subhanahu wata’ala menika Dzat kang Maha Welas lan Asih, RahmatiPun wiyar sanget sahingga tansah maringi kesempatan kangge sinten mawon sing mboten mampu tindak Baitullah ananging saget pikantuk ganjaran kang sepadan kaliyan pahala ibadah haji lan umroh.

Pancen ganjaranipun mboten bakal saget sami persis setunggalatus persen jalaran wonten amalan-amalan khusus saklebeting ibadah haji. Ananging para ulama njelasaken sing dimakasud nggih menika pahala pokok ibadah haji sanes ritual utawi amalan-amalan sanesipun. Lan kewajiban nindakke haji mboten gugur kanthi tiyang nglampahi amalan-amalan menika.

Menika tentunipun bisyaroh (kabar gembira) kagem kita sedaya ingkang dereng pinaringan kemampuan finansial. Ananging ampun ngantos kita sembrono mendhet amalan kejawi sumberipun saking hadits-hadits ingkang shahih kemawon.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Enten pinten-pinten hadits ingkang derajatipun shahih lan Hasan njelasaken amalan kang ganjarane sepadan haji lan umrah, nggih menika,

Amalan Nomer Sepindah: Umrah ing wulan Ramadhan

Wonten ing hadits Ibnu Abbas radhiyallahu ‘anhuma dipun sebutaken bilih Rasulullah ngendika dhumateng setunggaling wanita kalangan Anshar kang kaalang tindak haji sareng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam kranten mboten gadah kendaraan,

 فَإِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فَاعْتَمِرِي، فَإِنَّ عُمْرَةً فِيهِ تَعْدِلُ حَجَّةً

Menawa wis tumeka wulan ramadhan laksanakno umrah. Saktemene umrah ana ing wulan romadhon padha karo haji.”(HR. Muslim No. 1256)

Wonten ing riwayat Muslim disebutaken, “Sepadan haji bareng aku”

Amalan Nomer Kalih: Shalat Isyraq

Amalan sepadan pahala ibadah haji ingkang nomer kalih inggih punika shalat Isyraq.

Disebataken saking hadits Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh,

مَنْ صَلَّى الْفَجْرَ فِي جَمَاعَةٍ، ثُمَّ قَعَدَ يَذْكُرُ اللَّهَ حَتَّى تَطْلُعَ الشَّمْسُ، ثُمَّ صَلَّى رَكْعَتَيْنِ، كَانَتْ لَهُ كَأَجْرِ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ تَامَّةٍ، تَامَّةٍ، تَامَّةٍ

Sapa kang sholat subuh kanthi jamaah banjur lungguh nglaksanakake dzikir marang Allah nganti tekaning srengenge banjut dilanjutake shalat loro rekaat, temen bakal diwenehi ganjaran haji lan umrah kang sempurna.”(HR. At-Tirmidzi No. 586)

Syaikh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin dan Syaikh Abdul Azis bin Baz negasaken bilih kang dimaksud shalat loro rekaat sakbare srengenge terbit yaiku shalat isyraq utawi shalat dhuha kang ditindakake ing wektune awal. Dados diarani shalat isyraq menika kerana wonten rangkaian amal sakderenge antawisipun, shalat subuh jamaah lajeng wirid lan dzikir sak bibare.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Amalan Nomer Tiga: Tumut majelis ilmu ana ing Masjid

Amalan sepadan pahala Haji ingkang nomer tiga inggih punika tumut majelis ilmu ana ing masjid.

Wonten ing hadits Abu Umamah Al-Bahili radhiyallahu ‘anhu bilih Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh,

مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ لا يُرِيدُ إِلا أَنْ يَتَعَلَّمَ خَيْرًا أَوْ يُعلِّمَه كَانَ لَهُ كَأَجْرِ حَاجٍّ تَامًّا حجَّتُه

Sapa wonge kang lunga tumuju masjid, lan ora ana sing dadi tujuane kejaba sinau ilmu babagan kabecikan utawa ngajarake ilmu, kanggo dheweke ganjaran haji kang sempurna.”(HR. Hakim No. 311)

Menika nedahaken bilih sak utamane majelis ilmu inggih wonten ing masjid, kranten menika panggenan kang paling sae lan paling suci. Ananging kasunyatanipun tiyang islam menika taksih minim ingkang purun makmuraken kajian wonten ing masjid, padahal ganjarane ageng sanget.

Amalan Nomer Sekawan: Shalat wajib ana ing Masjid kahanan sampun wudhu saking ndalem

Amalan sepadan pahala ibadah Haji ingkang nomer sekawan inggih punika shalat wajib ana ing masjid kahanan sampun wudhu saking ndalem.

Wonten ing hadits Abu Umamah Al-Bahili radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh,

مَنْ خَرَجَ مِنْ بَيْتِهِ مُتَطَهِّرًا إِلَى صَلَاةٍ مَكْتُوبَةٍ فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْحَاجِّ الْمُحْرِمِ

Sapa wonge kang metu saka ndaleme kahanan suci tumuju shalat wajib (ana ing masjid) ganjarane kayadene ganjaran haji lan umrah.” (HR. Abu Dawud No. 558)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah engkang saget kawula sampekaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Amalan Sepadan Pahala Ibadah Haji  ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Sodiq Fajar

Bibliofil. Pemred dakwah.id

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *