khutbah jumat bahasa jawa balesan kanggo tiyang zalim dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Balesan Kanggo Tiyang Zalim

Terakhir diperbarui pada · 1,081 views

Sak menika materi khutbah Jumat Bahasa Jawa tahun 2022 pekan kedua. Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa menika ngentenaken tema balasan kanggo tiyang zalim ingkang kasebat wonten ing al-Quran.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Balesan Kanggo Tiyang Zalim

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Puji lan syukur ingkang kathah kaaturaken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala kang Maha Welas lan Asih, kanthi maringi tumrap hambanipun pinten-pinten kenikmatan, saha nikmat batos punapa badan. Sahingga kanthi nikmat kalawau kulo panjenengan sami saget tansah ibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kulo tansah ngemutaken jama’ah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Miturut maknanipun saking tembung bahasa bilih zalim utawa az-Zulmu wonten kamus Lisanul Arab artosipun “Nyukakaken punapa-punapa perkawis wonten ing sanes pangginanipun”.

Lan wonten ing maknanipun miturut istilah, Imam Al-Ashfahani wonten kitabipun Mufradat alfadzil Quran njelasaken, zalim inggih punika nyukakaken punapa-punapa perkawis sanes ing posisinipun ingkang leres, nggih amargi kirang utawi amargi wontenipun tambahan, nggih amargi mboten cocok saking segi wekdalipun utawi saking segi panggenanipun.

Syekh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin wonten kitabipun Syarh Riyadhus Shalihin ngiati maknanipun sahingga saget saya gamblang, bilih zalim menika porose ing kalih perkawis, setunggal rupinipun nilaraken kewajiban angka kalih nindakaken ingkang haram.

Saking makna-makna kasebat bakenipun zalim niku diawisi wonten ing agama Islam, lan pelakunipun kenging dosa kang gedhe wonten ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala menawa mboten taubat kanthi saestu.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Dosa zalim dipun wulangaken wonten ing agama Islam kanthi tiga wernanipun, inggih punika:

Setunggal: Zalim antawis salah setunggaling tiyang kaliyan Allah

Menikalah ingkang dipun maksudaken firmanipun Allah subhanahu wata’ala:

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ اُولٰۤىِٕكَ يُعْرَضُوْنَ عَلٰى رَبِّهِمْ وَيَقُوْلُ الْاَشْهَادُ هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۚ اَلَا لَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ ۙ

Lan sapa ta wong kang luwih zhalim ngungkuli wong kang gawe gegorohan diawadake saka ngarsaning Allah. Dheweke bakal padha disowanake menyang ngarsane Pangerane, lan saksi-saksine bakal matur: Punika sedaya tetiyang ingkang maiben dhateng Pangeranipun. Elingna! laknating Allah tetep marang wong-wong kang padha nganiaya.”(QS. Hūd: 18)

Kalih: Zalim antawis sesami menungsa

Babagan perkawis menika, wonten firmanipun Allah:

وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ. وَلَمَنِ انْتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ مَا عَلَيْهِمْ مِّنْ سَبِيْلٍۗ. اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُوْنَ النَّاسَ وَيَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ

Ana dene piwalese panggawe ala iku kudu satimbang trep karo pialane. Ewa samono sing sapa gelem aweh pangapura lan males kabecikan, ganjarane wong iku wus ana kasaguhane Allah piyambak. Sanyata PanjenengaNe iku ora Rene marang wong kang padha nganiaya! Sayekti wong kang sawuse dikaniaya males (ambalekake satrep), wong iku ora bakal kapatrapan apa-apa. Sanyata kang oleh patrapan iku wong kang padha nganiaya ing liyan sarta padha ambalela parintahe Allah ana ing Bumi kene ora kalawan bener. Wong kang mangkono iku tetep.”  (QS. Asy-Syūrā: 40-42)

Tiga: Zalim antawis salah setunggaling tiyang kaliyan pribadinipun piyambak

Menika ingkang dimaksud firmani-pun Allah subhanahu wata’ala,

ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ ۚوَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌ ۚوَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ

Sabanjure Kitab al-Quran iku Ingsun paringake waris marang para kawulaningsun kang wus Ingsun pilih. Ing kono ana saweneh kang nganiaya awake dhewe, ana kang samadya (tengah-tengah), la nana maneh kang bebalapan marang kabecikan kalawan idzining Allah, kang mangkono iku kanugrahan kang gedhe.(QS. Fathir: 32)

Ing dhasaripun, nalika salah setunggaling tiyang berencana kangge nglampahi kezaliman, saestunipun tiyang niku sampun zalim tumrap piyambakipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiyang muslim diperintah supados nebihi dosa zalim sae dhateng piyambak punapa sanes jalaran Allah subhanahu wata’ala nyebataken badhe nimpakaken adzab marang sinten kang nabrak awisanipun. Kados ingkang Allah terangaken:

وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا

Lan sapa bae saka sira kabeh kang atindak aniaya, temen Ingsun icipake tumrap dheweke siksa kang gedhe.(QS. Al-Furqān: 19)

Balesan Tiyang Zalim

Salajeng inggih punika bentuk-bentuk sanksi ingkang ajeng dipun raosaken dening tiyang-tiyang ingkang nglampahaken tumindak zalim:

Balesan Ingkang Sepindah: Tiyang Zalim Mboten Angsal Pitulungan Wonten Akhirat

Tiyang zalim punika mboten bakal angsal pitulungan wonten akhirat saking sinten mawon, ugi saking tiyang-tiyang ingkang rikala wonten donya ketingal dados kanca ingkang setya.

Allah subhanahu wata’ala paring firman:

مَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ حَمِيْمٍ وَّلَا شَفِيْعٍ يُّطَاعُۗ

Wong kang nganiaya iku ora bakal nemu sanak utawa juru syafa’at kang kena dianut!”(QS. Al-Mu’min: 18)

Allah subhanahu wata’ala paring firman malih:

وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ

Lan tumrap wong-wong kang nganiaya iku ora ana kang tetulung.(QS. Al-Hajj: 71)

Balesan Kaping kalih: Tindak zalim ndamel petengan wonten dinten akhirat.

Wonten wekdal umat manungsa mbetahaken naungan saking terik panasipun srengenge ingkang jarakipun caket sanget, pelaku kezaliman dipun pesthekaken mboten ajeng angsal fasilitas naungan babar pisan.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda:

اتَّقُوا الظُّلْمَ فَإِنَّ الظُّلْمَ ظُلُمَاتٌ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Wedia sira kabeh saking lampahan zalim, amargi zalim puniku ajeng dados petengan ing dinten kiamat.”(HR. Muslim)

Piyambakipun sedaya badhe nglakoni lampah rikala gesang wonten dinten akherat samangke kawontenanipun payah lan lelah amargi piyambakipun sedaya nglewati margi kang peteng ndhedhet, dados tanda kesengsaraan ingkang nyiksa.

Balesan Kaping tiga: Tiyang Zalim Gesangipun Tebih Saking Keberkahan

Tiyang zalim punika gesangipun tebih saking keberkahan lan sa-wangsulipun celak kaliyan kesengsaraan saha kebinasaan.

Sumangga kita merenung sekedhap, punapa saged kita madosi berkah saking rezeki ingkang Allah paringaken kamangka tindak-tanduk kita kebak kaliyan kezaliman?

Allah subhanahu wata’ala paring firman:

يَوْمَ لَا يَنْفَعُ الظّٰلِمِيْنَ مَعْذِرَتُهُمْ وَلَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ

Yaiku ing dinane wong kang padha nganiaya awake dhewe ora bisa ngalap manfaat persaben sing diaturake, malah padha kapatrapan laknate Allah, sarta padha andhuweni panggonan kanga la dhewe ana ing Akherat.”(QS. Al-Mu`min: 52)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturanken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

 اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِي يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلأَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Balesan Kanggo Tiyang Zalim ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *