Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dampak Rezeki Halal Lan Haram dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dampak Rezeki Halal Lan Haram

Terakhir diperbarui pada · 3,014 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Dampak Rezeki Halal lan Haram

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

 

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mangga, kita ambudidaya ningkataken syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wataala. Saklebeting taksih diparingi wekdal gesang wonten alam donya sakmenika. Wa bil khusus, nikmat arupi iman saha Islam.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wataala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu alaihi wasallam, para kulawarga, sahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin

Sumangga kita tansah ikhtiyar ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wataala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”  (QS. Ali Imran: 102)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Donya Panggonan Nyambut Gawe

Allah subhanahu wataala ndamel donya menika dados Darus Sayi wal Iktisabi (ladang usaha lan makarya), dene akhirat menika Daruts Tsawab wal Iqab (ladang ganjaran lan balesan).

Tiyang beriman menika tansah ikhtiyar makarya kagem kesahenan gesang kanthi usaha kang halal lan ugi tansah nyuwun pitulunganipun Allah supados diparingi kesahenan wonten ing urusan agami, donya lan akhiratipun.

Dhawuhipun Allah subhanahu wataala,

يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ۗ

He para utusaning Allah! Sira padha mangana barang kang becik-becik (suci-suci), lan pada nindhakna amal kabecikan. Sanyata Ingsun Nupiksani samubarang kang padha sira tindakake.” (QS. Al-Mu’minun: 51)

Ngudi rezeki sampun dados kewajibanipun tiyang muslim, mboten kemawon saking dimensi duniawi ananging saget kalebet perkawis ukhrawi kranten menika dhawihupun agami pinangka taat dhumateng titahipun Allah subhanahu wataala.

Sak sampunipun kita ngayektosi bilih ngudi rezeki menika dhawuhipun agami, kita sedaya ugi kedah ngatos-atos, eling lan waspada babagan rambu-rambunipun perkawis menika.

Ampun ngantos klebet golonganipun tiyang ingkang dipun ngendikakaken Rasulullah shallallahu alaihi wasallam,

يَأْتِي عَلَى النَّاسِ زَمَانٌ لَا يُبَالِي الْمَرْءُ مَا أَخَذَ مِنْهُ أَمِنَ الْحَلَالِ أَمْ مِنْ الْحَرَامِ

Bakal tumeko salah sawijining zaman marang manungsa, yaiku tiyang ingkang ora preduli marang barang kang dijupuk, punapa halal punapa haram.” (HR. Al-Bukhari No. 2083)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kewajiban Ngudi Rezeki Halal

Pancen kasunyatan gesang ten alam donya menika kita nggadahi hajat ingkang kathah. Kathahipun hajat menika tentu mawon mbetahaken ragat, ananging mboten ateges kita ngudi rezeki kanthi cara maksiat dhumateng Allah kanthi alesan netepi hajat kalawau. Mboten kepareng lajeng kita tumindak garah, zholim, lan sanesipun.

Kasebat wonten ing kitab Shahih Muslim bilih Rasulullah shallallahu alaihi wasallam nglewati satunggaling tumpukan daharan.

Lajeng piyampikan Nabi nglebetaken tanganipun wonten njero tumpukan menika, dumugi kanjeng Nabi nutul lan ngraosaken teles. Banjur Nabi shallallahu alaihi wasallam tanglet,

Iki apa he awakmu kang adol barang?”

Pedagang punika jawab, “Kenging taya jawah Nabi.”

Lajeng Nabi paring pangandikan,

أفَلا جَعَلْتَهُ فَوْقَ الطَّعامِ كَيْ يَراهُ النّاسُ، مَن غَشَّ فليسَ مِنِّي

Apa mengkana iku awakmu ora bisa ndadekake barang sing teles kuwi mau ana ing sak nduwure supaya manungsa padha weruh. Sapa wonge kang garah wong kuwi mau dudu golonganku.” (HR. Muslim No. 102)

Abdullah bin Mubarak ngendika,

رَدُّ دِرْهَمٍ مِنْ شُبُهَةٍ أَحَبُّ إِلَيَّ مِنْ أَنْ أَتَصَدَّقَ بِمِائَةِ أَلْفِ دِرْهَمٍ وَمِائَةِ أَلْفٍ وَمِائَةِ أَلْفٍ حَتَّى بَلَغَ سِتِّمِائَةَ أَلْفٍ

Mbalekake bandha kang subhat mung sak dirham luweh tak senengi tinimbang sedekah kanthi satus ewu dirham, utawi rong atus ewu tekan pitungatus ewu.” (Ihya Ulumuddin, Abu Hamid al-Ghazali, 2/91)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kautaman Rezeki Halal lan Ninggal Ingkang Haram

Antawisipun kautaman pendamelan kang halal nggih menika:

Sepisan, bilih daharan sing halal menika dados sebab ditampinipun amal saleh hamba, ugi sebab dipun ijabah sakabehing dunga utawi penyuwunan.

Kados dene kasebat wonten hadits ingkang dipun riwayataken dening imam Muslim,

الرَّجُلَ يُطِيلُ السَّفَرَ أَشْعَثَ أَغْبَرَ يَمُدُّ يَدَيْهِ إِلَى السَّمَاءِ، يَا رَبِّ، يَا رَبِّ، وَمَطْعَمُهُ حَرَامٌ، وَمَشْرَبُهُ حَرَامٌ، وَمَلْبَسُهُ حَرَامٌ، وَغُذِيَ بِالْحَرَامِ، فَأَنَّى يُسْتَجَابُ لِذَلِكَ

Bilih kala mbiyen wonten tiyang ingkang sampun ngetenaken safar, banjur tiyang niku rambutipun kusut lan kebak debu, lajeng ngangkat kaleh tanganipin sinambi ndunga ngadep langit; ya Rabb, ya rabbpanganane haram, ombenane haram, sarta pakainane haram? kepriye bisa dingapura dosa-dosane.” (HR. Muslim No. 1015)

Kaping Kalih, Pendamelan halal menika kunci mlebet jannahipun Allah subhanahu wataala.

Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam paring dhawuh,

كُلُّ ‌جَسَدٍ ‌نَبَتَ مِنْ سُحْتٍ فَالنَّارُ أَوْلَى به

Kabeh awak kang tumbuhe saking barang haram, dadine neraka luwih pantes kanggo dheweke.” (HR. Al-Baihaqi dalam kitab Syuab al-Iman No. 5375)

Rasulullah shallallahu alaihi wasallam ngendika malih,

لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ جَسَدٌ غُذِيَ بِحَرَامٍ

Ora bakal mlebu suarga jasad kang diwenehi daharan saka sing haram.” (HR. Ath-Thabarani No. 5961)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Semanten ugi rezeki kang Haram hanggadahi akibat awon utawi dampak kerisakan nggih menika  dados lumantar sebab tiyang ditebihaken saking rahmatipun Allah subhanahu wataala. Ugi saget ndadosaken manah saget pejah, keturunan sami risak lan dunga mboten dikabul Allah subhanahu wataala.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mekaten materi khutbah Jumat babagan ngudi lan mapak rezeki kang halal sarta nebihi ingkang haram kang saget khatib aturaken. Mugi saget kita pendhet faidahipun lan mampu kita amalaken.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Dampak Rezeki Halal Lan Rezeki Haram ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *