materi khutbah jumat bahasa jawa mbela allah tugas saben muslim dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mbela Allah Tugas Saben Muslim

Terakhir diperbarui pada · 767 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Mbela Allah Menika Tugas Saben Muslim

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sesarengan nyaosaken puja lan puji syukur ing ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala, Dzat Kang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dhumateng kita sedaya, saha menika nikmat iman, Islam, sehat saha sempat. Sahingga wonten kesempatan dinten kang minulya punika kita saget nindakaken pangibadahan dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat saha salam mugi tansah diparengaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung lan minulya nggih punika Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mugi kita sedaya saget nuladhani gesangipun sahingga mbenjang wonten akhirat pikantuk syafaatipun. amiin

Manga sareng-sareng ningkataken takwa marang Allah, ajrih dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, kanthi kita nindakaken sedaya printah-printahipun saha nebihi sedaya awisan-awisanipun. Supados kula panjenengan sami manggihaken kawilujengan saha kebahagiaan wonten ing dunya ngantos akhirat.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Allah subhanahu wata’ala nggesangaken hambanipun saking kalangan manungsa khususipun tiyang muslim wonten ing ngalam ndonya menika kanthi maringgi dhawuh-dhawuh utawi printah-printah.

Saklaminipun menika cetha dhawuh saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, manungsa mboten angsal selak lan mbantah.

Tentunipun sampun diyakini bilih sedaya dhawuh Allah subhanahu wata’ala menika maringi manfaat lan maslahat. Salah satunggaling dhawuh Allah kangge tiyang muslim nggih punika mbela Allahwonten panggesangan donya saat menika.

Ananging ampun ngantos kita sakmenika dados tiyang muslim ingkang gagal paham amargi mangertosi maknanipun mbela Allah menika lajeng nyifati Allah Dzat kang lemah, ringkih, mboten kiat sahingga kita kedah mbela.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا إِنْ تَنْصُرُوا اللَّهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ

“He wong kang iman! Manawa sira padha nulungi agamaning Allah Panjenengane mesthi uga banjur nulungi ing sira kabeh, lan netepake (ngukuhake) dlamakan sira ora arep mundur sapecak.” (QS Muhammad [47]: 7)

Ayat kang sakwerni ugi kadhawuhaken Allah subhanahu wata’ala,

وَلَيَنصُرَنَّ اللَّهُ مَن يَنصُرُهُ إِنَّ اللَّهَ لَقَوِيٌّ عَزِيزٌ

“Lan yekti Allah bakal paring pitulung marang wong-wong kang labuh ing Agamane, satemene Allah iku Maha Santosa tur Maha Gagah Prakosa.” (QS Al-Hajj [22]: 40).

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kathahipun ulama tafsir al-Quran njelasaken bilih maknanipun nulung Allah wonten ayat inggih punika nulung agamaning Allah, sanes  nulungi Dzatipun Allah. Kranten Allah menika Dzatipun sampun Maha Gagah lan Maha Prakosa sehingga mboten manfaati Ingsun Allah belaning manungsa.

Menawi wonten tiyang ingkang mangertosi madsudipun mbela Allah menika karana Allah menika lemah cetha bilih tiyang kalawau salah anggenipun mahami ayat, utawi tiyang kalawau ndisikaken akalipun, mangka Rasulullah paring ancaman kangge tiyang kang wantun nafsiraken Quran ngangge akalipun, kanthi dhawuhipun,

مَنْ قَالَ فِي القُرْآنِ بِغَيْرِ عِلْمٍ ‌فَلْيَتَبَوَّأْ ‌مَقْعَدَهُ ‌مِنَ ‌النَّارِ

Sok Sintena tiyang kang ngomong babagan al-Quran tanpo ilmu, enggal wae manggoni panggonane ana ing neraka.”(HR. At-Tirmizi No.2950)

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dampak Rezeki Halal Lan Haram

Ugi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendikakaken:

مَن قَالَ في القُرآنِ برَأيِه فأَصَابَ فَقَد أَخْطَأَ

Sok Sintena tiyang kang ngomong babagan al-Quran kanthi akale, sanadyan bener temen mesti salah.”(HR. At-Tirmizi No.2952)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mbela Allah lan mbela agamanipun menika tugas saben tiyang muslim, kranten tumindakipun kalebet tuntutan tiyang menika tresna dhateng Allah subhanahu wata’ala lan Rasulipun. Saklajeng pripun caranipun kita nulung utawi mbela Allah?

Sakmenika wonten pinten-pinten amalan kang saget ditindakkaken tiyang muslim,

Setunggal, Negakaken tauhid, syariat Islam, lan hukumipun Allah wonten ing bumi

Sampun dados janjinipun Allah subhanahu wata’ala tumrap hambanipun ingkang purun nindakaken amal saleh awujud negakaken Tauhid, syariat Islam, lan hukumipun Allah wonten ing Bumi. Estu Allah badhe ndadosaken sesulih ana ing bumi utawi panguwasa ana ing bumi, karana hamba wau purun nulung agami Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِي الْأَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِينَهُمُ الَّذِي ارْتَضَىٰ لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُمْ مِنْ بَعْدِ خَوْفِهِمْ أَمْنًا ۚ يَعْبُدُونَنِي لَا يُشْرِكُونَ بِي شَيْئًا ۚ وَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ

Allah wus janji marang wong kang padha mu’min saka sira kabeh, lan padha gelem nindakake panggawe becik, mesthi bakal padha didadekake sesulih ana ing bumi, kaya dene anggone Allah wus ndadekake sesulih para wong mu’min kang sadurung-sadurunge, lan bakal padha diparingi mardika agamane kang wus direnani (dipilih) dening Allah kanggo dheweke, lan bakal padha diparingi liru katentreman sawise tansah padha kuwatir. Dheweke mau padha nembah marang Ingsun piyambak sarta ora padha musyrikake ing Ingsun sethithik bae, Dene sapa kang kafir (nyelaki) sawise perjanjian iku, sanyata dheweke mau wong kang padha duraka.(QS. An-Nur: 55)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kalih, Nindakaken printah-printahipun Allah lan negakaken amar makruf nahi mungkar

Tiyang ingkang badhe diparingi pitulungan Allah kanthi diparingi panguwasa ana ing Bumi inggih punika tiyang kang purun nulungi agaminipun Allah kanthi nindakaken printah-printahipun Allah lan negakaken amar makruf nahi mungkar

Allah Ta’ala paring pangandikan,

الَّذِينَ إِنْ مَكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ أَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ وَأَمَرُوا بِالْمَعْرُوفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَلِلَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ

Yaiku wong-wong kang manawa padha Ingsun paringi panguwasa ana ing Bumi oleh kamardikan, padha ngedekake Shalat lan padha bayar zakat, sarta padha amrentahake laku becik lan padha nglarangi laku ala. Dene Allah kang kagungan (ngasta) wusananing kabeh prakara.”(QS. Al-Hajj: 41)

Tiga, Mbenerake sadaya janji Allah lan tawakal dhumateng ngarsanipun

Allah menika Dzat kang ora bakal mblenjani janjinipun. Hamba kang ngestukaken janjinipun Allah bakal dipun wujudaken janji-janjinupun Allah marang piyambakipun.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ

He para wong-wong kang padha iman! Sira padha wedia marang Allah, lan sira padha bebarengana karo wong-wong kang bener!” (QS. At-Taubah: 119)

Sekawan, Tansah mbangkitaken ruh jihad lan perjuangan wonten ing ndalem manah tiyang muslim

Jihad lan perjuangan menika sarana kangge ngayuh pitulunganipun Allah. Menawi tiyang islam purun kemawon nindakaken dhawuh menika, estu Allah badhe paring pitulunganipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

وَجَاهِدُوا فِي اللَّهِ حَقَّ جِهَادِهِ ۚ

“lan sira padha mangsaha perang (jihad) perlu angrungkebi agamane Allah kalawan temen-temen.” (QS. Al-Hajj: 78)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mekaten materi khutbah Jumat engkang saget kawulo sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Mbela Allah Menika Tugas Saben Muslim ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *