materi khutbah jumat bahasa jawa nabi muhammad panutan utami dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nabi Muhammad Panutan Utami

Terakhir diperbarui pada · 1,472 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Nabi Muhammad Panutan Utami

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الحمدُ للهِ بعثَ لَنا نَبِيّاً كَريماً، دَاعِياً إلى اللهِ بِإذنِهِ وَسِراجاً مُنِيراً، وَأَشهدُ ألا إله إلا الله وحده لا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشهَدُ أنَّ محمداً عبدُ اللهِ ورسُولُهُ أرْسَلُهُ اللهُ بَشِيراً وَنَذِيراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami ajrih dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun.

Sumangga kita nggadhahi rumaos bilih sedaya solah bawa saha pangandikan kita tansah dipunpersani dening Allah subhanahu wata’ala. Mugi-mugi kanthi menika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun aturaken dhumateng junjungan kita, panitan kita, nabi akhir zaman, Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Para kulawarga, sahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng penjenenganipun, amin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Nglenggana lan sadar wontenipun Allah subhanahu wata’ala. Punika mujudaken itrahing sadaya manungsa. Kangge nyumuripi Allah boten cekap naming pasrah dhumateng kesadaran wontening Allah kanthi leres, manawi Allah kepareng hanglilani nyumurupaken lan paring dhawuh lumantar pangandikanipun kangge nerangaken sinten Allah punika.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mangga Netepi Hak Al-Quran

Para Rasul punika ingkang piniji nyumurupaken Allah lan ngajak sadaya manungsa manembah dhumateng Allah lan boten nyekuthokaken dhumateng sanesipun.

Allah ngendaika wonten ing al-Quran,

وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلًا اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوْتَۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ هَدَى اللّٰهُ وَمِنْهُمْ مَّنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلٰلَةُ ۗ فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ

Lan sanyata Ingsun wus ngutus Rasul marang saben-saben umat, perlu ajak-ajak: ‘Nyembaha ing Allah piyambak, lan edohana brahala Thaghut.’ Mangka sawenehe wong-wong mau ana kang diparingi pituduh dening Allah, lan sawenehe maneh ana kang tetep mesthi kesasar. Sira kabeh padha lumakua ana ing Bumi, banjur andelenga kapriye pungkasane wong-wong kang padha anggorohake para Rasul.”(QS. An-Nahl: 36)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Manungsa sedayanipun nggadhahi niyat tumindak kesaenan utawi al-ma’ruf kang maknanipun perkawis ingkang sampun dipunsumurupi. Naming caranipun kados pundi tumindak kasaenan punika dipun laksanakaken, manungsa taksih mbetahaken pitedah kados pundi caranipun nglaksanakaken.

Mila saking menika Allah maringi pembimbing, tuladha, saha panutan ingkang baku kangge njumenengaken perkawis menika.

Allah ngendaika wonten ing al-Quran,

وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ فَمَنْ اٰمَنَ وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ

Lan Ingsun ora ngutus para utusan, kajaba mung supaya ambebungah lan medeni, dene wong kang padha iman lan tumindak becik, tumrap dheweke iku ora bakal padha kuwatir sarta padha susah. (QS. Al-An’ām: 48

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sedaya para Rasul punika ingkang maringi conto lan tuladha, kados pundi caranipun nindakaken tumindak kesaenan ingkang dipun ridhoi Allah subhanahu wata’ala. Kados pundi caranipun ngibadah manyembah dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Kedah kados ingkang dipun dhawuhaken Allah subhanahu wata’ala lan mboten sakersanipun piyambak.

Kalebet ugi junjungan kita sami, Nabi akhir zaman, Rasul ulul azmi Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Menika panutan kita sedaya ingkang utami kangge niti panggesangan ingkang leres lan sae wonten ing alam donya dumugining akhirat.

Perkawis paling utami mujudaken keyakinan kita bilih Nabi Muhammad inggih punika panutan utami menika Mahabbah dhumateng piyambakipun.

Panjenenganipun Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

وَمَنْ أَحْيَا سُنَّتِي فَقَدْ أَحَبَّنِي وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي الْجَنَّةِ

Sinten kemawon ingkang nggesangaken sunnah ingsun (Nabi Muhammad) temen dheweke tresna marang ingsun, lan sinten kemawon kang tresna marang ingsun, mangka wong kuwi mau bakal mlebu suwargo bareng ingsun.”(HR. At-Tirmizi: 2678)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Para sahabat sampun buktikaken mahabbah utawi cintanipun dateng Rasulullah kanthi nyata. Menika sahabat Ali bin Abi Thalib ingkang purun gantosi ranjangipun Rasulullah nalika dipun kepung tiyang kafir Quraisy badhe dipun pejahi. Menika temtunipun taruhan nyawa.

Wonten malih sahabat Abu Bakar As-Shiddiq nalikaning sedaya manungsa sami mboten percaya bilih Rasulullah dipun Isra’ Mi’rajaken, piyambakipun menikalah justri tiyang ingkang pertama percados.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dampak Rezeki Halal Lan Haram

Umar bin Khattab mboten lila menawi Rasulullah dikhabaraken wafat, sahingga sinten kemawon ingkang nyampekaken berita menika badhe dipun pejahi Umar. Saking tresane piyamabakipun Umar dhumateng Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Lan taksih kathah tuladha saking para sahabat Nabi ingkang sampun mujudaken tresnanipun dhumateng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten khutbah ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Nabi Muhammad Panutan Utami ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

1 Tanggapan

Assalamualaikum maaf u hadist mohon ad catatan kaki shohih/Hasan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *