Khutbah Jumat Bahasa Jawa Rasa Isin Ing Ndalem Islam dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Rasa Isin Ing Ndalem Islam

Terakhir diperbarui pada · 1,946 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Rasa Isin Ing Ndalem Islam

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sami tansah ningkataken saha nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi kita manah kang entheng sahingga saget ngijabahi dhawuhipun Allah inggih punika sholat Jumat kanthi berjamaah mertandani bilih kita menika kawulane Allah kang iman lan taqwa.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin.

Mangga kita sedaya tansah ningkataken iman lan taqwa dumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun. Kanthi mekaten, kita insyaallah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke. Amin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Rasa isin menika satunggaling akhlak minulya kang penting sanget digadhahi saben tiyang wonten panggesangan alam donya. Sedaya Nabi kang diutus Allah subhanahu wata’ala tansah ajak-ajak lan merintahaken umat supados hanggadhahi sifat minulya inggih punika rasa isin.

Sifat isin menika saget mbentengi tiyang saking tumindak maksiat lan perkawis awon wonten ing syariat Islam. Tiyang kang sampun ical raos isinipun samangke bakal nglakoni napa mawon tumindak sae ingkang dipun keparengaken Allah punapa kang diawisi, leripun tiyang menika sampun mboten gadhahi filter saking sedaya tumindakipun.

Sahabat Umar bin Khattab paring nasehat,

مَنْ قَلَّ حَيَاؤُهُ قَلَّ وَرَعُهُ، وَمَنْ قَلَّ وَرَعُهُ مَاتَ قَلْبُهُ

Sapa kang ilang rasa isine bakal ilang rasa ngati-atine, lan sapa kang wus ilang rasa ngati-atine bakal mati atine.” (Makarim al-Akhlaq, Ibnu Abi ad-Dunya, 40)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam wonten setunggaling kesempatan paring sabda, ingkang dipun terangaken sahabat Abdullah bin Amr radhiyallahu ‘anhu,

إنَّ الْحَيَاءَ وَالْإِيْمَانَ قُرِنَا جَمِيْعًا، فَإِذَا رُفِعَ أَحَدُهُمَا رُفِعَ الآخَرُ

Saktemene rasa isin lan iman kuwi nyawiji ana ing panggonan, menawa diangkat salah sijine bakal katut liyane.” (HR. Al-Bukhari, kitab Al-Adab al-Mufrad, No. 1313)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wonten ing hadits riwayat Imam Ibnu Majah saking sahabat Abdullah bin Abbas, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إنَّ لِكُلِّ دينٍ خُلُقًا، وإنَّ خُلُقَ الإسلامِ الحياءُ

Saktemene saben-saben agama nduweni ajaran akhlak, lan saktemene ajaran akhlak wonten ing islam yaiku rasa isin.” (HR. Ibnu Majah No. 4171)

Hadits menika njelasaken bilih saben agama paring pengajaran babagan akhlak kang dadi ciri khasipun. Dene agama kita, paring pengajaran kang agung babagan akhlak rasa isin ingkang saget nuwuhaken perkawis ageng lan kamulyan.

Semanten ugi wonten ing hadits sanes riwayat Imran bin Hushain bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

الْحَيَاءُ لاَ يَأْتِي إِلاَّ بِخَيْرٍ

Saktemene rasa isin kuwi ora bisa nekaake kajaba kebecikan.”(HR. Muslim No. 37)

Rasa isin kang saget nuwuhaken kesaenan menika tentunipun raos isin kang syar’i, mboten sedaya raos isin. Menawi wonten tiyang ningali kemungkaran kang ditindakke tiyang sanes lajeng mboten purun ngimutaken jalaran isin, menika mboten kalebet raos isin kang syar’i kranten nabrak aturan syariat Islam.

Utawi tiyang mboten purun nyinau ilmu agami Islam mergo alesanipun isin, menika nggih mboten diarani isin kang syar’i kranten Allah ngawisi kita nggadhahi raos isin kangge ilmu agami.

Saking menika para ulama njelasaken pilih isin menika wonten kaleh renine; isin kang terpuji lan isin kang tercela.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Isin kang Terpuji

Ingkang kalebet isin kang terpuji inggih punika,

Setunggal, Isin Dhumateng Allah Ta’ala

Isin dhumateng Allah Ta’ala menika wujudipun raos ajrih nalika nglakoni maksiat kranten Allah menika Dzat kang Maha Persa. Kanthi wontenipun raos isin menika tiyang iman mboten wantun sembarang nglampahi awisanipun Allah utawi tumindak dosa.

Bakenipun raos isin menika tansah nyurung tiyang kalawau supados saya celak dhumateng ngarsanipun Allah kanthi nindakaken ibadah lan nebihi maksiat.

Kalih, Isin Dhateng Malaikat

مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ اِلَّا لَدَيْهِ رَقِيْبٌ عَتِيْدٌ

Manungsa ora angucapake gunem sakecap, kajaba ing sandhine ana Malaikat Raqib lan Atid.(QS. Qāf: 18)

Saben-saben tiyang menika dipun rencangi kaliyan malaikat. Kita sampun ngertos bilih malaikat menika makhluk Allah ingkang minulya lan utami. Malaikat mboten nate ajak-ajak dhateng tumindak awon, piyambakipun tansah ngajak dhteng perkawis ibadah kang dipun ridhoi Allah.

Sahingga kita menika ugi tansah isin menawi nglakoni maksiat kranten wonten malaikat kang mersani lan nyatet amalan kita kados ngendikanipun ayat.

Tiga, Isin Dhateng sesami menungsa

Rasa  isin wonten ing nginggil nggih punika isin dhumaten Allah lan Malaikat menika saget mbeto tiyang saget isin dhateng sesami menungsa. Lan maksudipun isin dahteng menungsa inggih punika mboten wantun nglarani, sae kanthi lisane punapa anggota badhane. Isin shateng tiyang sanes menika bentukipun nebihi saking tumindak zalim, ngumbar aurot lan sanesipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Isin kang Tercela

Ing antawise rupa isin kang tercela lan diawisi agami Islam inggih punika,

Setunggal, Isin Anggone Nyinau Ilmu Agama

Wonten babagan ngertosi ilmu syariat Islam mboten dikeparengaken kita menika isin. Kranten isin wonten ing bab menika saget ngalangi tiyang pikantuk al-Haq. Pramila Imam Mujahid bin Jabir paring nasihat,

إِنَّ هَذَا الْعِلْمَ لاَ يَتَعَلَّمُهُ مُسْتَحٍ وَلاَ مُتَكَبِّرٍ

Saktemene ilmu agama Islam iki ora bakal bisa disinau wong kang akeh isine lan wong kang sombong.” (Hilyatul Auliya’, Abu Nu’aim al-Ashbahani, 3/287)

Kalih, Isin Kangge Amar Makruf Nahi Munkar

Raos isin mboten diparengaken ngalangi tiyang tumindak amar makruf nahi mungkar. Allah subhanahu wata’ala paring dhawuh,

وَاللّٰهُ لَا يَسْتَحْيٖ مِنَ الْحَقِّ

Ananging Allah ora lingsem saka kebeneran.(QS. Al-Ahzāb: 53)

Tiga, Isin Kang Mbeto Wonten ing Maksiat

Raos isin kang mbeto tiyang nglampahi maksiat menika mboten kawestanan isin kang syar’i, malah menika nedahaken bilih tiyang niku lemah imanipun. Isin kang syar’i saget ndorong tiyang nglampahi dhawuh agami lan nebihi sedaya awisanipun.

Kranten maksiat menika awisane Allah Ta’ala kang sejatose Allah mboten bakal ridho dhumateng hambanipum sing nglampahi kemaksiatan.

Rasulullah ngendika wonten ing hadits,

إنَّ اللهَ حَيِيٌّ كَرِيْمٌ …

Saktemene Allah menika Dzat Kang Maha Gesang lan Maha Minulya.”(HR. At-Tirmizi No. 3556)

Allah menika Dzat Kang Maha Minulya mboten bakal nampi kejawi ingkang minulya-minulya kemawon.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saklajeng pripun menawi raos isin menika ical saking pribadi tiyang Islam? Wonten ing hadits kang diriwayataken Imam Bukhari saking hadits Abu Mas’ud ‘Uqbah bin Amir piyambakipun ngendika bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ مِمَّا أَدْرَكَ النَّاسُ مِنْ كَلَامِ النُّبُوَّةِ الْأُولَى: إِذَا لَمْ تَسْتَحْيِ، فَاصْنَعْ مَا شِئْتَ

Saktemene salah sawijine pangandikan para nabi kang disampekake marang ummate yaiku: Menawa pancen awakku wis ora nduweni isin, mangka tumindaka sak karepmu.”(HR. Al-Bukhari No. 3296)

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Rasa isi ning Ndalem Islam ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *