khutbah jumat bahasa jawa 3 sebab slamet lan sebab cilaka dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 3 Sebab Slamet lan Sebab Cilaka

Terakhir diperbarui pada · 2,783 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
3 Sebab Slamet lan Sebab Cilaka

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ شَهْرَ الْخَيْرَاتِ وَالْبَرَكَةِ وشَهْرَ الطَّاعَاتِ وشَهْرَ الصّيَامِ وَالْقِيَامِ. وَأشْهَدُ أنْ لا اِلهَ اِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ الّذِى فَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُوْرِ وَالاَيَّامِ عَلَى بَعْضٍ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ مِنَ الشُّهُوْرِ الْعِظَامِ وَأيَّامَهُ مِنَ الايَّامِ الْكِرَامِ وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى أرْسَلَهُ اللهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah,

Alhamdulilah, puji lan syukur naming pantes kangge Allah subahnahu wata’ala kemawon, ingkang sampun maringi nikmat iman saha Islam ugi keistiqomahan. Allah subahnahu wata’ala kemawon kang prayugi dipun sembah lan dipun ibadahi sedaya makhlukipun.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepono dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang sampun paring margi pitedah nun inggih margi Islam ingkang sempurna. Keslametan mugi tansah lumeber dhumateng kaluwarga, sahabat sata pendherekipun kang istiqomah ngamalaken sunnahipun. Amin.

Mangga, kita sami tansah usaha ningkataken raos taqwa dhumateng Allah subahnahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah,

Lumantar mimbar Jumat siang dinten kang minulya sak menika monggo sesarengan nyinau lan ngestokake dhawuhe kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam wonten ing hadits riwayat Imam Al-Baihaqi khabar saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,

ثَلَاثٌ مُنْجِيَاتٌ وثَلَاثٌ مُهْلِكَاتُ: خَشْيَةُ اللهِ تَعَالَى فِي السِّرِّ وَالْعَلَانِيَّةِ، وَالْعَدْلُ فِي الرِّضَا وَالْغَضَبِ، وَالْقَصْدُ فِي الْفَقْرِ وَالْغِنَى فَأَمَّا الْمُهْلِكَاتُ: فَشُحٌّ مُطَاعٌ، وَهَوًى مُتَّبَعٌ، وَإِعْجَابُ الْمَرْءِ بِنَفْسِهِ.

Ana telu perkara kang bisa nylametake lan bisa nyilakani. Bilih kang bisa nylametake yaiku taqwa ing dalem Allah kahanan sirri (rahasia) utawa terang-terang, ngendikan kang bener nalika ridha utawa murka, sederhana nalika sugih utawa mlarat. Bilih perkara kang nyilakani yaiku nafsu kang dituruti, kikir kang ditaati lan bangga marang awake piyambak.” (Syu’ab al-Iman, Imam al-baihaqi, No. 7252)

Temen menika satunggaling dhawuh Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang agung lan penting sanget, jalaran wonten lebetipun perkawis ingkang dados margi kesaenan lan pepenget saking margi-margi kerisakan.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah,

Bilih 3 perkara kang bisa nylametaken ingkang angka sepisan nun ninjih taqwa dhumateng ngarsane Allah subahnahu wata’ala sae nalika kahanan sirri (rahasia) utawa terang-terang. Menika satunggaling sikap kang kedah digadhahi tiyang iman kranten sikap menikalah kang ndadosna amal saget kaleksanan lan maksiyat saget dipun tahan.

Ugi takwa menika sumbering kebahagiaan gesang wonten ing ngalam donya dumugi akherat samangkeh. Mboten wonten pribadi, keluarga, masyarakat ngantos negari menawa taqwa dhumateng Allah subahnahu wata’ala kejawi Allah badhe paring kebahagiaan.

Saklajeng nomer kaleh inggih punika ngendikan kang bener nalika ridha utawa murka, ugi saget ndamel keslametan. Kranten menika satunggaling bukti konkrit tiyang menika jujur kaliyan imane lan tiyang menika dipun paringi taufik saking ngarsanipun Allah subahnahu wata’ala.

Langkung-langkung saat menika, perkawis kendel nyampekaken al-haq menika dibutuhaken sanget wonten ing tengah-tengah umat, kranten kathah tiyang ingkang ajrih nindakaken perkawis menika jalaran gedhe sanget resiko utawi bahayanipun.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngemutaken perkawis menika wonten ing sabdanipun,

مَا مِنْ رَجُلٍ يَحْفَظُ عِلْمًا فَيَكْتُمُهُ إِلاَّ أُتِيَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مُلْجَمًا بِلِجَامٍ مِنَ النَّارِ

Tiyang kang wus ngapalake ilmu banjur ndelikake, ing akhirat dheweke bakal ditali nganggo tali geni neraka.” (HR. Ibnu Majah No. 261)

Pramila sampun dados kewajiban tiyang iman kang ngertosi al-haq menika nuntun umat tumuju margi kesaenan lan aja sepisan-pisan ajrih dhateng celaane tiyang kang senengane mencela.

Nomer tiga inggih punika sederhana nalika sugih utawa mlarat. Menika tandane tiyang kang nggadhahi kepatuhan dhumateng dhawuhe Allah subahnahu wata’ala.

Kadosdene ingkang Allah firmanaken wonten ing al-Quran,

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا

Lan menawa padha blanja kanggo perluning urip, ora padha keluwihan lan ora padha kekurangen, ananging jejeg (tengah-tengah) antarane luwih lan kurang.(QS. Al-Furqan: 67)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah,

Saklajeng 3 perkawis kang saget njerumusaken wonten kacilakan nggih punika, nuruti hawa nafsu. Kathahe tiyang saget sasar saking dalan kang bener karana hawa nafsu lan kathah ugi tiyang kang wanton nglampahi tumindak kufur gegarane nuruti hawa nafsu. Allah subahnahu wata’ala paring pangandikan wonten al-Quran,

وَمَنْ اَضَلُّ مِمَّنِ اتَّبَعَ هَوٰىهُ بِغَيْرِ هُدًى مِّنَ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ

Lan sapa wong kang luwih sasar tinimbang karo wong kang manut hawa nafsune, tanpa oleh pituduh saka ngarsane Allah. Sanyata Allah iku ora karsa nuduhake marang wong-wong kang nganiaya.(QS. Al-Qashash: 50)

Saklajenge perkawis nomer kaleh kang saget nyilakani yaiku kikir kang ditaati. Watak kathahe manungsa niku tansah nuruti laku kikire. Menawi mekaten wong kuwi mau bakal rugi gesange. Tur tiyang kikir niku saget nglirwakke hak-hak tiyang sanes sing kedahe dipun jagi.

Kasakwangsule menawi tiyang menika slamet saka tabiat kikir temen tiyang wau diarani tiyang bejo. Allah subahnahu wata’ala paring pangandikan wonten al-Quran,

وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَۚ

Sing sapa direksa saka kumet atine, mangka dheweke iku padha begja kemayangan.(QS. Al-Hasyr: 9)

Saktemene laku kikir lan iman menika mboten bakalan saget ketemu utawi kumpul wonten ing pribadi tiyang Islam, kranten Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

لَا يَجْتَمِعُ الشُّحُّ وَالْإِيمَانُ فِي قَلْبِ عَبْدٍ أَبَدًا

Ora bakal bisa kumpul sifat iman lan kikir neng njero atine hambane Allah subahnahu wata’ala.” (HR. Nasa’i No. 3110)

Angka tiga nggih punika bangga kalih awak pribadi menika ugi kang saget mbote kacilakan urip sae wonten alam donya punapa akhirat.

Sifat menika satunggaling lawang mlebete sombong lan ngremehake tiyang sanes lan seneng ngolok-olok. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam saestu paring wanti-wanti saking sifat sombong wonten ing sabdanipun,

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ ‌مِثْقَالُ ‌ذَرَّةٍ ‌مِنْ ‌كِبْرٍ

Ora bakal bisa mlebu ing suarga sapa wonge kang neng njero atine ana sikap sombong senadyan mung sak wiji sawi gedhene.” (HR. Muslim No. 134)

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
3 Sebab Slamet lan Sebab Cilaka ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Jumat lainnya:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *