Khutbah Jumat Bahasa Jawa Supados Donga Dipun Ijabah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Supados Donga Dipun Ijabah

Terakhir diperbarui pada · 1,576 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Supados Donga Dipun Ijabah

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sedaya puji namung kagunganipun Allah subhanahu wata’ala. Dzat Ingkang Nguwaosi sadaya alam. Dzat Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipun kersakaken Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasallam. Para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng penjenenganipun, amin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Saktemenipun Kita menika rumaos saha mboten supe bilih saben dinten kita do’a dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Jalaran donga menika pancen dipundhawuhaken Allah wonten ing al-Quran.

Allah paring pangandikan:

Allah Pangeranira kabeh wus ngendika, Sira padha nyenyuwuna marang Ingsun, Ingsun kepareng nyembadani mara sira. Sanyata wong-wong kang padha gumedhe suthik ibadah marang Ingsun iku bakal pada lumebu ing Neraka Jahannam tur padha ina. (QS. Ghafir: 60)

Wonten ing ayat sanes, Allah subhanahu wata’ala Paring dhawuh lan paring janji:

Lan Manawa kawulaningsun padha pitakon marang sira Muhammad saka sarira ningsun mangka jawaben, Ingsun iku cerak banget. Ingsun minangkani panuwune wong kang padha nenuwun marang Ingsun. Mangka supaya padha nyandikanana netepi dhawuhingsun, lan padha imana marang Ingsun, muga-muga dhewekw padha tetep ana ing kabeneran.(QS. Al-Baqarah: 186)

Nalikaning kita ndonga dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala sasampunipun kita nindakaken shalat fardhu, shalat sunnah, nalikaning safar, nalikaning jawah, utawi wonten ing saben-saben wekdal mustajab.

Lajeng satunggaling wekdal temtu kita asring taken wonten ing salebeting manah dhumateng badan kita piyambak, punapa donga kita dipunkabulaken Allah subhanahu wata’ala?

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Wonten ing ayat kang sampun khatib aturaken, bilih Allah paring dhawuh lan paring jaminan bilih donga punika badhe dipunkabulaken Allah subhanahu wata’ala.

Kanthi netepi kalih syarat:

Ingkang sepindah, kita kedah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala. Khususipun ingkang wajib punapa linangkung sae ingkang sunnah.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Supados Nikmat Mboten Dados Laknat

Ingkang nomer kalih, kedah iman ingkang leres dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Tegesipun boten iman dhumateng sakliyane Allah subhanahu wata’ala.

Menawi kalih perkawis punika saget kita tindakaken, Allah subhanahu wata’ala paring jaminan donga ingkang kita aturaken badhe dipunkabulaken. Sampun jelas bilih donga menika dados kewajibanipun manungso, lan donga kita badhe dipunkabulaken Allah subhanahu wata’ala.

Manawi kita nindakaken dhawuhipun lan kedah kanthi keimanan ingkang leres. Nanging taksih kathah tiyang ingkang ndonga naming kemawon naggenipun dheweke ndonga menika boten kanthi syarat-syarat kang sampun khatib sebataken, pramila inggih donganipun mboten dipunkabulaken dening Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Sanesipun syarat-syarat donga kang sampun khatib sebataken wonten ing ngajeng, Allah subhanahu wata’ala ugi paring dhawuh dhumateng kita supados nalikaning kita ndonga dipun dhereki tansah ngasoraken awak saha kanthi swanten ingkang lirih.

Allah paring pangandikan wonten ing al-Quran:

Sira padha nenuwun marang Allah Pangeran sesembahanira kalawan ibadah dhepe-dhepe sarta kanthi suara kang lirih-lirih memalad sih, jalaran Panjenengane iku ora remen marang wong-wong kang padha ngliwati wates.(QS. Al-A’raf: 55)

Kita sedaya kemawon menawi dipun timbali lan dipun ajak ngendikan kaliyan sinten mawon tiyang kang dados ndhuwuran utawi pimpinan, punapa ugi tiyang ingkang kita hormati. Mestinipun kita menika mboten bakal wanton ngendikan kanthi seru-seru lan ngendikan kanthi sombong utawi mboten nggadhahi adab. Mestinipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Pangeran kita sami kedah ngawigatosaken kemaleh.

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Ugi kita sedaya nalikaning nyenyuwun dhumateng Allah sarana do’a, ampun kita menika kesesa enggal dipunkabulaken. Kita kedah ndonga kannthi sabar, lan temenan.

Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasallam paring sabda:

‌يُسْتَجَابُ ‌لِأَحَدِكُمْ مَا لَمْ يَعْجَلْ

Donga salah sawijining sira kabeh bakal dikabulke, selagine ora kesusu.” (HR. Al-Bukhari No. 6340; HR. Muslim No. 2735)

Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasallam Ugi paring sabda:

إِذَا دَعَا أَحَدُكُمْ ‌فَلْيَعْزِمِ ‌المَسْأَلَةَ

Lamun salah sawijining sira kabeh ndonga, mula ndongaha kanthi temenan.” (HR. Al-Bukhari No. 6339; HR. Muslim No. 2679)

Semanten ugi menawi donga kita menika gegayutan kaliyan wekdal ingkang pas, utawi kang diwestani wekdal mustajab nalikaning donga. Insyaallah donga menika badhe dikabulaken Allah.

Rasulullah saw paring dhawuh:

قِيلَ يَا رَسُولَ اللَّهِ: ‌أَيُّ ‌الدُّعَاءِ ‌أَسْمَعُ؟ قَالَ: جَوْفَ اللَّيْلِ الآخِرِ، وَدُبُرَ الصَّلَوَاتِ المَكْتُوبَاتِ

Kanjeng Nabi dipun persani, Donga apa kang luwih dimidhangetake dening Allah swt ?. Rasulullah ngendika: Yaitu donga kang diaturake ana ing wektu tengah wengi, lan sawuse shalat fardhu (shalat limang wektu).”(HR. At-Tirmidzi No. 3499)

kajawi kanthi cara-cara kasebat ing nginggil, kang kalebet perkawis ingkang baku ugi inggih punika kita ndonga dipun sarengi kanthi ikhtiyar ingkang maksimal sahingga pikantuk kasembadan. Kanthi donga mesthinipun kita sangsaya tambah semangat, lan boten nglokro saha pupus ing manah.

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran:

Mula menawa wus anduweni kekencengan/ niyat arep nindakake sawijining perkara, supaya sira tawakkal ing Allah. Allah iku remen marang wong kang padha tawakkal.(QS. Ali Imran: 159)

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Mekaten khutbah engkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Supados Donga Dipun Ijabah ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *