khutbah jumat bahasa jawa syarat keparingan syafaat Nabi dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Syarat Kaparingan Syafaat Nabi

Terakhir diperbarui pada · 2,619 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Syarat Keparingan Syafaat Nabi

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

اَلْحَمْدُ لِلهِ بَعَثَ لَنَا نَبِيًّا كَرِيْمًا، دَاعِيًا إِلَى اللهِ بِإذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا، وَأَشْهَدُ أَلَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُ اللهِ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ اللهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati dening Allah Ta’ala

Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami ajrih dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun.

Sumangga kita nggadhahi rumaos bilih sedaya solah bawa saha pangandikan kita tansah dipunpersani dening Allah subhanahu wata’ala. Mugi-mugi kanthi menika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panitan kita, nabi akhir zaman; Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng penjenenganipun, amiin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati dening Allah Ta’ala

Khutbah Jumat sak menika ajeng kita bahas babagan syafaat. Pertami ingkang betah dipun ngertosi inggih punika bab definisi saking syafaat. Jalaran mbok bilih wonten saperangan saking kaum muslimin ingkang dereng nyumerepi.

Pangertosan syafaat miturut syariat Islam sampun dipun jlentrehaken dening syaikh Muhammad Shalih al-Munajjid inggih punika: Perantara kangge tiyang sanes lebet nggayuh manfaat utawi menghindarkan saking madharat.

Kenging Menapa Kita Mbetahaken Syafaat?

Syafaat Nabi menika sedaya punapa ingkang dipun betahaken sanget dening saben umat Islam.

Amargi bilih salah setunggaling tiyang ingkang keparingan syafaat Nabi ing dinten kiamat, Allah subhanahu wata’ala samangkeh badhe ngapuntenaken kelepatan hamba kasebat lan mengampuni dosa-dosanipun.

Utawi nyelametaken saking neraka sasampunipun piyambakipun dipun pesthekaken kelebet tiyang ingkang kedah dipun hukum mlebet dhateng Neraka.

Utawi, Allah subhanahu wata’ala badhe ngedalaken hamba saking Neraka sasampunipun dipun lebetaken dhateng lebetipun. Utawi derajatipun wonten suwarga dipun angkat lan inggilaken.

Punika perkawis ingkang dipun anganaken sanget dening saben muslim. Piyambakipun tansah berjuang kangge angsal kanthi pinten-pinten cara ingkang tamtunipun kedah cocok kaliyan ketentuan ingkang sampun wonten wucalan saking Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam.

3 Syarat Keparingan Syafaat Nabi

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati dening Allah Ta’ala

Wonten tiga syarat ingkang kedah terpenuhi supados salah setunggaling tiyang keparingan syafaat Nabi ing dinten kiamat, inggih punika:

Syarat kaping Setunggal: Ridha Allah subhanahu wata’ala dhumateng Ingkang Maringaken Syafaat (Rasulullah)

Allah Ta’ala paring pangandikan,

وَكَمْ مِّنْ مَّلَكٍ فِى السَّمٰوٰتِ لَا تُغْنِيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اَنْ يَّأْذَنَ اللّٰهُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْضٰى

Lan pira bae akehe Malikat kang ana ing langit, syafaate ora maedahi sithik-sithika, kaja sawuse Allah paring idzin marang wong kang dikarsakake sarta wus dililani.(QS. An-Najm: 26)

Ayat menika dipun andhapaken pinangka bantahan kangge tiyang-tiyang kafir ingkang nggadhahi pengangen-angen sanget saget pikantuk syafaat saking berhala-berhalane sedaya.

Mila, Allah subhanahu wata’ala ngajak piyambakipun sedaya supados mikiraken bilih kathah sanget Malaikat Allah wonten ing langit mriko ananging sutunggal mawon mboten saget maringi syafaat Nabi dhateng tiyang-tiyang kafir.

Pitakenanipun, menawa Malaikat ingkang nggadhahi kedudukan ingkang celak dhateng ngarsanipun Allah kemawon mboten mampu maringi syafaat, kepripun kaliyan sedaya berhala kang disembah sak liyane Allah?

Wondene Allah subhanahu wata’ala, piyambakIpun mboten betahaken dhateng Malaikat, para Nabi utawi sintena. Mila mboten wonten setunggala ingkang langsung wantun nyukani syafaat.

Malahan, Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam nalika wonten padang mahsyar mboten langsung nyukani syafaat.

Ananging, panjenenganipun sujud langkung rumiyin ingkang dangu, supados dipun parengaken kangge nyukani syafaat.

Sasampunipun puniku Allah berfirman wonten lebet hadits Qudsi,

يَا مُحَمَّدُ، ارْفَعْ رَأْسَكَ، وقُلْ يُسْمَعْ لَكَ، وسَلْ تُعْطَهْ، واشْفَعْ تُشَفَّعْ

“He Muhammad, angkat sirah sampeyan, mang ngucao, sampeyan badhe dipunpireng, mang njaluk, sampeyan badhe dipunsukakaken, lan mang njaluk syafaat, sampeyan badhe dipunsukani syafaat.” (HR. Al-Bukhari)

Syarat kaping Kaleh: Ridha Allah subhanahu wata’ala dhumateng tiyang ingkang keparingan syafaat Nabi

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُوْنَۙ اِلَّا لِمَنِ ارْتَضٰى وَهُمْ مِّنْ خَشْيَتِهٖ مُشْفِقُوْنَ

Panjenengan ngawuningani kabeh perkara kang ana ing sangarepa Malaikat, lan kang ana saburine, lan Malaikat ora padha kuwasa aweh pitulung (syafaat), kajaba mung marang wong-wong kang diremeni dening PanjenengaNe. Lan para Malaikat padha konjem jalaran saka wedine marang Allah!(QS. Al-Anbiya’: 28)

Ayat puniki Allah subhanahu wata’ala nerangaken kenging punapa para Malaikat puniku mekaten taat kalih panjenenganipun?

Inggih amargi para Malaikat puniku saestu yektos menawi Allah senantiasa sumerep punapa-punapa ingkang sampun wonten lan saweg piyambakipun sedaya kerjakaken. Mila, mboten setunggal nggih ingkang luput saking kawruh lan pengawasanipun.

Piyambakipun Malaikat sedaya senantiasa ngibadah lan ngestuni sedaya perintah-Ipun. Salajengipun, lebet ayat puniki Allah subhanahu wata’ala nerangaken sifat sanesipun saking para Malaikat puniku piyambakipun sedaya mboten ajeng nyukani syafaat kalih sinten mawon, kejawi tiyang-tiyang menika ingkang diridhai dening Allah subhanahu wata’ala.

Pramila, ampun salah setunggaling tiyang menika ngarep ajeng angsal syafaat Nabi utawi pitulungan saking Malaikat ing dinten akhirat mangke. Wonten sisi puniku, para Malaikat kasebat senantiasa ngatos-atos, amargi ajrih ing murka Allah lan siksanipun.

Syarat Kaping Tiga: Izin Allah subhanahu wata’ala Kangge maringaken Syafaat

Allah Ta’ala paring pangandikan,

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ

…kagungane Allah samubarang kang ana ing langit lan samubarang kang ana ing bumi. Ora ana kang aweh syafaat ana ing ngarsaning Allah, kajaba Manawa oleh palilaHe…(QS. Al-Baqarah: 255)

Ayat puniku njelasaken bilih tiyang menika senadyan dipun tresnani dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ananging Allah subhanahu wata’ala mboten ngeparengaken pinaringan syafaat nggih tiyang kalawau mboten bakalan pikantuk syafaat.

Ingkang dipun maksud menika tiyang-tiyang musyrik, jalaran ahli tauhid menika syarat utami tiyang keparingan syafaat Nabi.

Pramila Abu Thalib piyantun ingkang sanget ditresnani Nabi ananging sanes kagolong ahli tauhid mila mboten saget pikantuk syafaat Nabi.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nggih nate ngendikakaken wonten hadits shahih riwayat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu nalika wonten tiyang tanglet, “Sinten tiyang kang mujur saget pikantuk syafaat, duh Rasulullah?”

Nabi jawab, “Yaiku wong kang ngucapake Laa Ilaaha Illallah ikhlas saka njeroning ati.” (HR. Al-Bukhari lan Ahmad)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati dening Allah Ta’ala

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur becik kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ.

فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ الْجَلِيْلَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى آلَائِهِ وَنِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Syarat Keparingan Syafaat Nabi ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *