Khutbah Jumat Bahasa Jawa Amalan Supados Terhindar Musibah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan Supados Terhindar Musibah

Terakhir diperbarui pada · 1,780 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Amalan Supados Terhindar Musibah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ، وَصَحْبِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

فَإنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ، وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ، وَكُلَّ ضَلاَلَةِ فِي النَّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Taala

Sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wataala Dzat kang Maha Welas lan Asih, kanthi maringi tumrap hambanipun pinten-pinten kenikmatan, sahe nikmat batos punapa badan.

Sahingga, kanthi nikmat kalawau kulo panjenengan sami saget tansah ibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin.

Khatib tansah caos pepenget kagem sedaya jamaah Jumat supados ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saperangan kalangan tiyang Islam menika wonten ingkang klentu lebet mendhet langkah-langkah usaha nyegah supados terhindar musibah. Piyambakipun sedaya kathahipun naming fokus ing setunggal aspek mawon.

Padahal, langkah-langkah nyegah semestinipun merhatikaken kalih aspek utama, inggih punika: langkah-langkah ingkang kalebet hukum sebab akibat ingkang sifatipun material utawi lahiriah. Saklajeng nomer kalih inggih punika langkah-langkah usaha nyegah ingkang sifatipun ruhiyah lan imaniyah.

Contonipun mawon kagge sekedik gambaran, nalika kita nembe ngajengi musibah pandemi, wonten saperangan tiyang kawigatosan sanget kaliyan langkah-langkah usaha nyegah mboten kenging covid-19 kanthi njagi jarak, ngangem masker, lan nggirahi asta kalih hand sanitizer.

Ananging ing wanci ingkang sami, piyambakipun nyupekaken ingkang sifatipun ruhiyah lan imaniyah ingkang saged njagani piyambakipun saking penyakit kasebat. Sakmestinipun kekaleh usaha menika dipun lampahi sesarengan.

Dalil paling kiyat wonten bab punika nalika Ibunda Maryam kenging dhawuh wekdal piyambakipun mbobot (hamil) sepuh supados menggoyang pangkal wit kurma supados buah kurmanipun dhawah lan piyambakipun saged dhahar saking mriku.

Kamangka kangge menggoyang pangkal wit kurma ngantos dhawah buahipun puniku awrat sanget, sanadyan dipun lampahi dening setunggaling tiyang jaler ingkang kiyat.

Menika gambaran wontenipun syariat mendhet sebab-sebab lahiriah ingkang maksimal kangge nggayuh tujuanipun.

Allah Ta’ala paring dhawuh ing surat Maryam ayat 25,

وَهُزِّيْٓ اِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسٰقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا ۖ

Lan suwawi ngeyoga wit kurma punika pener sampeyan, ing mangke rak ngruntuhaken woh kurma ingkag mateng dhateng sampeyan.”

Saklejengipun usaha-usaha nyegah saking sisi ruhiyah lan imaniyah inggih punika antawisipun saget kita kaji sareng-sareng wekdal punika.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Setunggal: Tadharru’ (rumaos ina)

Kaping setungal, tadharru’ (rumaos ina) dhateng ngarsanipun Allah Ta’ala kaliyan kathah donga lan ningalaken raos betah kalih panjenenganipun Allah Ta’ala.

Allah Ta’ala tansah ngijabahi sedaya donga saking hamba ingkang tebih saking sifat takabbur, sombong, utawi hamba menika rumaos ina wonten ngajengipun.

Firmanipun Allah Ta’ala wonten ing surat al-Mu’minun ayat 60

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَࣖ

Allah Pangeranira kabeh wus ngadika,‘Sira padha nyenyuwuna marang Ingsun, Ingsun kapareng nyembadani marang sira. Sanyata wong-wong kang padha gumedhe suthik Ibadah marang Ingsun iku bakal padha lumebu ing Neraka Jahannam tur pada ina.’”

Allah Ta’ala semanten ugi ajeng ngijabahi sedaya donga hamba ingkang kathah-kathah nyuwun lan tansah nindakaken dhawuhipun utawi maknanipun tiyang kalawau mboten sombong.

Firmanipun Allah wonten ing surat al-Baqarah ayat 186,

وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ

Lan menawa kawulaningsun padha pitakon marang sira Muhammad saka Sariraningsun mangka jawaben, Ingsun iku cerak banget. Ingsun menangkani panuwune wong kang padha nenuwu marang Ingsun. Mangka padha nenuwuna marang Ingsun. Mangka supaya padha nyandikanana netepi dhawuhingsun, lan padha imana marang Ingsun, muga-muga dheweke padha tetep ana ing kabeneran.”

Tadharru’ wonten ngarsanipun Allah ing ndalem donga menika saget nebihaken saking musibah.

Firmanipun Allah wonten ing surat al-An’am ayat 43,

فَلَوْلَآ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوْا وَلٰكِنْ قَسَتْ قُلُوْبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

Mbok hiya ing nalika wong-wong mau padha katama ing cecobaningsun, enggala sira dhedhepe marang Allah, nanging ati-atie wong mau pada atos, la syetan wus ngrengga marang wong-wong mau sarana barang kang tansah ditindakake.”

Kalih: Istighfar lan tobat saha inabah lan wangsul dhateng Allah Ta’ala

Allah Ta’ala mboten bakal nimpakaken azab nalika wonten ing setunggaling panggenan menika taksih ditepangi tiyang ingkang tansah istighfar dhumateng Allah Ta’ala.

Firmanipun Allah wonten ing surat al-Anfal ayat 33,

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ

Nanging Allah ora bakal nyiksa marang wong-wong mau, yen sira pinuju ana ing kono, Lan PanjenengaNe uga ora karsa anyiksa marang wong-wong mau, kang pinuju wong-wong mau padha nyuwun ngapura.”

Hamba ingkang kathah istighfar ajeng tebih saking musibah jalaran Allah badhe nambahi nikmatpun ingkang kathah ugi dipun tambahi kekuatan lan barokah.

Firmanipun Allah wonten ing surat Hud ayat 52,

وَيٰقَوْمِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًا وَّيَزِدْكُمْ قُوَّةً اِلٰى قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِيْنَ

Lan maneh he kaumku, nyuwuna pangapura marang Pangeranira, banjur tobata marang Panjenengan-Ne, yekti ing mengko Panjenengan-Ne nurunake udang kang ora leren-leren, lan Panjenenga-Ne nambahi kekuwatan marang kekuwatanira kang wus ana, lan sira aja nulak marang nasehatku, kalawan tumindak dosa.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Takwa

Takwa menika intinipun nggadhahi raos ajrih dhumateng Allah Ta’ala nalika nglampahi panggesangan wonten alam donya punika.

Takwa menikalah ingkang samangke saget ndamel hamba tansah setiti, ngati-ati, lan waspada nalika nindakaken amal.

Allah Ta’ala dhawuh wonten ing surat ath-Thalaq ayat 2-4,

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا {٢} وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا {٣} …وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا {٤}

Sing sapa takwa ing Allah, Panjenengan-Ne bakal anggampangake dalane wong iku! Allah paring rezeki marang wong iku saka kang ora kanira-ira, sing sapa sumarah pasrah ing Allah, Panjenengan-Ne bakal anyukupi marang dheweke, manngertia sanyata Allah iku mesthi angleksanakake prekara-Ne, Allah andamel samubarang iku wus kanthi Papesthen-Ne….Sing sapa takwa ing Allah, Panjenengan-Ne bakal paring gampang ing perkara-Ne wong iku.”

Sekawan: Mujahadah ing ndalem ibadah

Allah Ta’ala badhe maringi kemudahan wonten ing sedaya perkara hambanipun kanthi syarat hamba menika wau tansah mujahadah ing ndalem ibadah.

Ibadah ingkang dipun laksanaken menika mboten asal-asalan utawi tebih saking kasempurnan.

Allah Ta’ala dhawuh wonten ing surat al-Insyirah ayat 5-8,

فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ {٥} اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ {٦} فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ {٧} وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ {٨}

Sayekti kanthine rekasa iku gampang, Saktemene kanthine rekasa iku gampang, Manawa sira Muhammad wus rampung ibadah, sira banjur tumemena ing kabeh wjibira.”

Allah saestu tansah njanjekaken dhateng hambanipun kemudahan sakbare kesulitan, ananging kanthi syarat hamba menika wau tansah sungguh-sungguh utawi mujahadah ing ndalem ibadah.

Ibnu Katsir rahimahullah wonten ing tafsiripun paring penjelasan,

Maksude menawa sira kabeh wus ngrampungake kabeh urusan donya, sira kabeh padha enggal-enggalan bangkit lan semangat tumuju Allah Taala. Tansah curahno atimu lan ikhlasno niatmu ing ndalem ibadah dhumateng Allah Taala.”

Pramila, tiyang Islam menika kedah tansah mujahadah ibadah sae ing ndalem sholat, siyam, qiyamullail, zikir, sedekah, lan sanese. Supados Allah Ta’ala kersa nebihaken kita sedaya saking musibah. Amin.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah engkang saget kawula sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

 أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوْا اللهَ، وَافْعَلُوْا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوْا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

 اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا، وَاغْفِرْ لَنَا، وَارْحَمْنَا، أَنْتَ مَوْلَانَا، فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا، رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ، وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Amalan Supados Terhindar Musibah ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *