khutbah jumat bahasa jawa rasulullah tuladha kagem sedaya dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Rasulullah Tuladha Kagem Sedaya

Terakhir diperbarui pada · 1,638 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Rasulullah Tuladha Kagem Sedaya

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

اَلْحَمْدُ لِلهِ الْوَاحِدِ الْأَحَدِ، الْفَرْدُ الصَّمَدُ، الَّذِيْ لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ، وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُواً أَحَدٌ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُوْلُوا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

فَأِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ، وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Raos syukur ingkang kathah sumangga tansah aturaken dhumateng ngarsane Allah subhanahu wataala Dzat kang maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget nindakaken ibadah Jumat siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kula tansah ngemutaken jamaah shalat Jumat sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam punika sosok pribadi ingkang paling sae akhlakipun, pribadi ingkang sae tumindakipun, pribadi ingkang sae sedanten langkah lakunipun.

Kados mekaten hebatipun kualitas akhlak nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam mila piyambakipun dados Nabi kang paling sae saking kalanganipun Ulul Azmi, lan dados pangageng sedaya para Nabi malah sedaya umat manungsa wiwit saking nabi Adam ‘alaihissalam ngantos umat Islam pungkasan ingkang nyawanipun dipuncabut jelang kedadosipun dinten kiamat.

Allah subhanahu wataala Dzat kang Maha Agung lan Minulya maringaken pengakuan agungipun jiwa, kamulyan akhlak, inggilipun sifat-sifat pribadi Nabi kita Muhammad shallallahu alaihi wasallam lebet firmanipun,

وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ

Lan saestunipun panjenengan (Muhammad) saestu kagungan budi pekerti ingkang luhur.”(QS. Al-Qalam: 4)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kaliyan akhlak kang sakmekaten agungipun, pribadi ingkang konsisten sanget ngamalaken menapa ingkang piyambakipun wucalaken dhateng umatipun, piyambakipun dados setunggaling tuladha gesang ingkang ndadosaken para sahabatipun wekdal menika gampil sanget mangertosi maksud-maksud ayat al-Quran lebeting pinten-pinten momen, kawontenan lan peristiwa.

Kejawi menika, amargi kiyatipun konsistensi Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam kaliyan wucalan al-Quran, ndadosaken piyambakipun dados tuladha gesang kados pundi mraktekaken tuntunan al-Quran lebet lingkup pribadi, keluwargi, masyarakat, nagari, lebet kawontenan perang lan damai.

Mekaten ugi lebeting bab interaksi kaliyan non muslim sedayanipun dados tuntunan lan teladan ingkang kedah dipuntumuti. Malahan nuladani Nabi shallallahu alaihi wasallam  punika klebet salah setunggal saking bukti paling kiyat saking keimanan lan katresnan dhateng Allah subhanahu wataala.

Allah subhanahu wataala paring firman,

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ

Yekti temen Rasulullah iku dadi tetuladha kang becik tumrap sira kabeh, yaiku kanggo wong kang ngarep-arep sowan marang ngarsane Allah lan dina Qiyamat, lan akeh elinge marang Allah.”(QS. Al-Ahzāb: 21)

Aspek Tuladha Pribadi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Nabi shallallahu alaihi wasallam inggih menika pribadi ingkang sempurna lebet imanipun lan akhlakipun, sempurna lebet muamalahipun utawi intraksi sosialipun lan sempurna ugi lebet kepemimpinanipun. Pramila Allah subhanahu wataala ndadosaken Nabi shallallahu alaihi wasallam dados tuladha ingkang sempurna.

Sumangga kula lan panjenengan tingali pinten-pinten aspek tuladha lebet pribadi Nabi shallallahu alaihi wasallam,

Setunggal: Tuladha Lebeting Ibadah

Rasulullah Muhammad shallallahu alaihi wasallam menika tuladha kang sempurna wonten lebet ibadah. Panjenenganipun menika piyantun kang kathah ibadah manembah dhateng Allah subhanahu wataala ing rina wenginipun, kados ingkang dipun gambaraken Ibunda Aisyah radhiyallahu anha,

أَنَّ نَبِيَّ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ يَقُومُ مِنْ اللَّيْلِ حَتَّى تَتَفَطَّرَ قَدَمَاهُ. فَقَالَتْ عَائِشَةُ: لِمَ تَصْنَعُ هَذَا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَقَدْ غَفَرَ اللَّهُ لَكَ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ؟ قَالَ: أَفَلَا أُحِبُّ أَنْ أَكُونَ عَبْدًا شَكُورًا  

Nabi Shallallahu alaihi wasallam  limrah wungu dalu dumugi kaping kalih telapak sukunipun aboh (memar), mila Aisyah tanglet, “Duh Rasulullah! kenging punapa panjenengan nindakaken sedaya menika.Mangka Allah sampun mangapurani dosa panjenengan ingkang sampun lajeng utawi ingkang ajeng dugi?” Panjenenganipun mangsuli,“Apa ora bisa aku kepingin hambane Allah kang syukur?” (HR. Al-Bukhari lan Muslim)

Kejawi menika panjenenganipun ugi tansah dzikir dhateng Allah Subhanahu wataala wonten saben kawontenanipun. Menika saged dipun ngertosi saking pinten-pinten hadits ingkang menghasung kaum muslimin supados kathah dzikir dhumeteng Allah subhanahu wataala.

Kalih: Tuladha lebeting akhlak lan sifat

Ngendikan babagan akhlakipun Nabi menika cekap kaliyan gambaranipun Ibunda Aisyah nalika dipun tangleti dospundi Akhlak Rasulullah? Piyambakipun nyebataken,

كَانَ خُلُقُهُ الْقُرآنَ

Akhlaqipun Rasulullah inggih punika Al-Quran.”(HR. Ahmad no. 24601)

Maksud wonten ing hadits punika bilih panjenenganipun nindakaken menapa ingkang Allah subhanahu wataala dhawuhaken lebeting al-Quran, mboten nglanggar punapa mawon ingkang Allah larang lebeting al-Quran sae rupinipun ucapan utawi tindakan, janji lan ancaman-ipun lan salajengipun.

Dados, akhlakipun inggih punika napa mawon ingkang wonten lebeting al-Quran lebet sedaya bab ingkang dipuji lan diserukan.

Panjenenganipun tansah menghiasai pribadi kanthi nebehi sedaya kang diawisi wonten ing lebeting al-Quran. Saking ngriki saged dipunsimpulaken menawi al-Quran inggih punika sumber saking akhlak mulia.

Tiga: Tuladha lebeting urusan keluarga

Dipun sebutaken wonten ing hadits saking sahabat Ibnu Abbas radhiyallahu ‘anhu bilih Nabi shallallahu alaihi wasallam dhawuh,

خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي

Tiyang ingkang paling sae ing antawis sampeyan-sampeyan kabeh punika inggih ingkang paling sae dhateng kluwarginipun. lan kula inggih punika ingkang paling sae ing antawis sampeyan-sampeyan kalih keluarganipun kula.”(HR. At-Tirmidzi no. 3895)

Tembung “Ahli”wonten ing hadits menika kang dimaksud anak, garwa, lan sedaya kang nduweni hubungan rahim. Menika nedahaken bilih Rasulullah shallallahu alaihi wasallam tiyang ingkang paling sae gaulipun kaliyan keluarganipun.  

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sekawan: Tuladha lebeting urusan sosial

Rasulullah shallallahu alaihi wasallam menika tiyang kang paling sae hubunganipun kaliyan masyarakat utawi tiyang sanes. Piyambakipun gadhah sifat tawadhu’ lan peduli dhateng sedaya tiyang. mboten gadhah sikap zalim, dendam, lan sanese.

Menika dipun gambaraken wonten akhir surat At-Taubah,

لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ

Temen wus Rawuh marang sira kabeh Utusan saka bangsanira, kang sasarira lan kacilakanira banget ndandakake prihatin lan nyusahake marang utusan mau, lan Utusan mau kepengin banget supaya sira padha imam lan slamet, tur utusan mau marang wong mukmin banget anggone welas lan asihe.” (QS. At-Tawbah: 128)

Gangsal: Tuladha lebeting urusan kepemimpinan

Ing bab kepemimpinan utawi leadership menika Rasulullah shallallahu alaihi wasallam saestu tuladha kang paling ideal wonten ing lampah sejarah peradaban menungsa. Panjenenganipun menika tiyang ingkang tegas lan konsisten nglampahaken hukumipun Allah subhanahu wataala.

Kita sedaya sampun mangertosi dospundi urusan hukum menika menawi mboten dipun lampahaken kanthi tegas lan konsisten, tentunipun bakal nglahiraken kerisakan-kerisakan kang kathah lan wiyar sanget.

Setunggal mawon bukti saking kathah sanget bukti kang nedahaken ketegasan lan konsistensi Rasulullah shallallahu alaihi wasallam, Inggih punika riwayat hadits,

“Saktemenipun tiyang-tiyang Quraisy dipun sibukaken kawontenan putri saking Bani Makhzum ingkang nyolong. Piyambakipun sedaya wicanten,

Sapa kang saged mbujuk dhateng Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam bab puniki?’

Piyambakipun sedaya mangsuli, ‘Sapa kang wantun matur dhateng Rasulullah kejawi Usamah bin Zaid ingkang dipuntresnani dening Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam.’

Mila Usamah wicanten dhateng Rasulullah shallallahu alaihi wasallam kangge mbebasaken putri menika saking hukuman.

Rasulullah shallallahu alaihi wasallam lajeng bersabda, ‘Punapa sampeyan arep njalukake syafaat (pengampunan saking hukuman) kaliyan (hukum) had Allah?’

Rasulullah shallallahu alaihi wasallam lajeng jumeneng lan khutbah, ‘Hei manungsa, saktemene kang ngancurake wong-wong sakdurunge sira kabeh yaiku menawa ana wong kang nduweni kedudukan dhuwur nglakoni tumindak nyolong, awakmu kabeh nuntut supaya enggal dibebasake. Nanging menawa kang nyolong inggih punika tiyang ingkang ringkih (rakyat limrah), awakmu kabeh nuntut supaya enggal diterapake hukumane. Demi Allah, Yekti bilih menawa Fathimah binti muhammad nyolong, dhewe kang bakal motong tangane.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur becik kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA 

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Rasulullah Tuladha Kagem Sedaya ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

2 Tanggapan

Assalamualaikum ustadz usul materi khutbah Jum’at tentang bahaya cinta dunia terutama yg sudah tua mengingat jamaah rata2 awam jazakumulloh

Wa’alaikumussalam warahmatullah wabarakatuh.
Insyaallah segera kita tulis, ustadz.

Barakallah fikum

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *